Lungguh lincak pring pethung,
Krubutan sarung,
Kopi pahit isih kumebul anggandha pangarep
Sing wis kethul,
Komat kamit Tarmin ngrapal donga
Saka dluwang lawas tulisane ibu
Batine nggresah, awake ora obah
Atine goreh, mbayangne sing bakal kelakon
Mengko po sesuk… kabeh sih dadi angen-angen
Saka radione tangga, lagune Ivan Fals
Nambahi kahanan atine tambah nelangsa
“Aku ki mung pegawe honorer
Sing nasibe gumatung marang liyan
Sing ora bisa njaluk luwih akeh saka takeran”
Ora akeh, sithik wae sak jane
Nanging akeh sithik kuwi mung ukuran angka
Sing bisa nyukupi, sing bisa nutupi
Sing bisa nambali, sing bisa nalangi
“Sithik kanggomu, nyukupi kanggoku,”
Si Karmin nyawang langit sing ireng, sing petheng..
Iki dina kaping seket enem
Bisa dadi dina sing luwih dawa
Bisa dadi dina sing kebak prasangka
Bisa dadi dina sing kebak ndedonga
Si Tarmin adus,
nganggo seragam putih ireng sepatu coklat
nyangking Tas cangklong isi buku
Numpak sepedha, budal makarya
Pesene Ibu
“Ana apa ora, dudu sing utama
Ana apa ora, sing penting tetap ngupaya”