2/22/20

#42 Jogjakarta | Obong-Obong Dluwang Lawas

obong-obong dluwang lawas,
isine kebak pangarep
lan crita asmara kepungkur
wis ora bisa di busak,
nulismu ngganggo mangsi china,
ora bisa luntur, ora bisa ilang,
garit-garit alus swarane,
tharik-tharik aksarane,
mumbungi ati sing nate kasmaran,
kayaa tan ana liyane….

obong-obong dluwang lawas,
nggigit nyuwak ati kang nate tatu, ati enomku
ati prawanmu,

obong-obong dluwang lawas,
urube eluh sing tan tau asat,
awune gegetunan sing sangsaya kadhuwung,
ambune anggandha susah
prasasat tan ana tandhinge… biyen,
nalika aku lan kowe,
isih wani isin,
ngempet rasa ing telening ati,
tan wani ngomong,
amung nulisi dluwang iki,
sesambungan, ganti nginanti,

aksaramu mentes, cetha yen kowe ya tresna,
aksaraku mandhes,
nancep ning njero rasamu biyen,
sadawane dalan,
tanganku tanganmu ora nate pisahan !

obong-obong dluwang lawas,
yen iki pancen wis titi wancine,
aku, kowe duwe panguripan dhewe

obong-obong dluwang lawas,
isine layangmu, critamu, gambarmu, tresnamu